Hadits Arbain ke-5 Terjemah Bahasa Jawa: Perkara Bid’ah bagi Umat Islam

 Hadits Arbain ke-5 Tentang Perkara Bid’ah bagi Umat Islam Terjemah Bahasa Jawa


oleh: Murtadlo HS.


عَنْ أُمِّ المُؤْمِنِيْنَ أُمِّ عَبْدِ اللهِ عَائِشَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهَا، قَالَتْ: قَالَ رَسُوْلُ اللهِ ﷺ: مَنْ أَحْدَثَ فِي أَمْرِنَا هَذَا مَا لَيْسَ مِنْهُ فَهُوَ رَدٌّ . رَوَاهُ البُخَارِيُّ وَمُسْلِمٌ
وَفِي رِوَايَةٍ لِمُسْلِمٍ: مَنْ عَمِلَ عَمَلاً لَيْسَ عَلَيْهِ أَمْرُنَا فَهُوَ رَدٌّ "رواه البخاري ومسلم , وَفِي رِوَايَةٍ لِمُسْلِمٍ ” مَنْ عَمِلَ عَمَلًا لَيْسَ عَلَيْهِ أَمُرُنَا فَهُوَ رَدٌّ

Saking Ummul Mukminin  kuniyahe Ummu Abdillah pareng asmo Aisyah rodhiyallohu ‘anha, ngendiko: Kanjeng Rosululloh shollallohu ‘alaihi wasallam dawuh, “Sopo wonge gawe (amalan) anyar ing urusan (agomo) kito seng sumbere ora soko (agomo) kito, mongko (amalane) ditolak.” (HR. Bukhari dan Muslim. Ing dalem riwayat Muslim : “Sopo wonge seng ngelakoni salah sijine amal seng ora trep/pas karo urusan (agomo) kito, mongko amalane ditolak”) [Bukhari no. 2697, Muslim no. 1718]

Katerangan:
1.  Shahabiyah ingkang dawuhaken hadits Arbain Nawawi 5 sak meniko iyo iku Ummul Mukminin Nyai Aisyah radhiyallahu ‘anha. 

2.  Estri Kanjeng Nabi Muhammad shollallohu ‘alaihi wasallam pikantuk gelar ummul mukminin, ibune sedoyo kaum mukminin.

3.  Ummu Abdulloh iyo iku asmo kuniyah Nyai Aisyah. Kenging punopo Nyai Aisyah anggadahi asmo kuniyah Ummu Abdullah padahal Nyai Aisyah boten gadah putro?

Salah sijine dino, Nyai Aisyah nelongso (sedih) kerono meh sedoyo shahabiyah anggadahi asmo kuniyah seng umume kapundhut saking asmo putro sing nomer siji. Ananging Nyai Aisyah boten nggadah putro. Mongko, Kanjeng Rosululloh shollallohu ‘alaihi wasallam nimbali Nyai Aisyah kelawan timbalan Ummu Abdulloh.

Asmo Abdulloh ingkang nemplek ing asmo kuniyah sak meniko iyo iku Abdulloh bin Zubair putro keng Asma’ binti Abu Bakar, mbakyunipun  Nyai Aisyah. Banjur Abdullah sak meniko keponakanipun Nyai Aisyah. Nyai Aisyah rumaos bungah kelawan kuniyah ingkang dupunparingake dening Kanjeng Rasulullah SAW.

4.  Miturut sumber NU Online, asbabul wurude hadits Arbain nomer-5 iki iyo iku salah sijine wektu, Kanjeng Rosululloh SAW dipun tekani dening piyantun jaler kanthi maksud kanggo nebus prakaryo (perbuatan) dosa (zino) seng wes dilakoni kelawan 100 wedus. Ananging, Kanjeng Rosululloh SAW nolak kerono urusan tebusan kuwi mau ora diatur ing dalem hukum agomo. Artine, ditolak alias raddun.

Piyantun jaler sak meniko teko lan ngadu ing Kanjeng Nabi SAW ngendiko: “Setuhune anak kawulo dadi buruh ing piyantun sak meniko banjur zino kaleh estrine. Kawulo mireng kabar bilih anak kawulo kedah dirajam, mongko kawulo nebus kanthi 100  wedus lan bebasaken salah sijine budak wadon.”

Mongko Kanjeng Rosululloh SAW dawuh: “Budak lan wedus dipun balekake ing siro.” (HR Bukhari no 2724, Muslim no 1697).

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Obituari Kanda Kaeladzi

الحاكم (الصادر الحكم بين أهل الرأي و أهل التقليدي

Menakar Kemuhammadiyahan Kader dalam Pusaran Mulyonoisme