Hadits Arbain Nawawi 6: Halal, Haram, Syubhat Terjemah Bahasa Jawa



 Hadits Arbain Nawawi 6: Halal, Haram, Syubhat Terjemah Bahasa Jawa

عَنْ أَبِي عَبْدِ اللهِ النُّعْمَان بْنِ بَشِيْرٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا قَالَ : سَمِعْتُ رَسُوْلَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَآلِهِ وَسَلَّمَ يَقُوْلُ : إِنَّ الحَلاَلَ بَيِّنٌ وَإِنَّ الَحرَامَ بَيِّنٌ وَبَيْنَهُمَا أُمُوْرٌ مُشْتَبِهَاتٌ لاَ يَعْلَمُهُنَّ كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ فَمَنِ اتَّقَى الشُّبُهَاتِ فَقَدِ اسْتَبْرَأَ لِدِيْنِهِ وَعِرْضِهِ وَمَنْ وَقَعَ فِي الشُّبُهَاتِ وَقَعَ فِي الحَرَامِ كَالرَّاعِي يَرْعَى حَوْلَ الحِمَى يُوْشِكُ أَنْ يَرْتَعَ فِيْهِ أَلاَّ وِإِنَّ لِكُلِّ مَلِكٍ حِمًى أَلاَ وَإِنَّ حِمَى اللهِ مَحَارِمُهُ أَلَا وَإِنَّ فِي الجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلُحَتْ صَلُحَ الجَسَدُ كُلُّهُ وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الجَسَدُ كُلُّهُ أَلَا وَهِيَ القَلْبُ – رَوَاهُ البُخَارِي وَمُسْلِمٌ

Saking Abu ‘Abdillah An-Nu’man bin Basyir rodhiyallohu ‘anhuma, piyambak e ngendikan Ingsun mireng marang kanjeng Rasulullah shollallohu ‘alaihi wa sallam dawuh,

“Setuhune seng halal iku cetho, seng harom ugo cetho. Lan antarane halal-harom eneng (terdapat) perkoro seng jumbuh (syubhat = tidak jelas) lan akeh uwong seng ora ngerti perkoro jumbuh (syubhat = tidak jelas). Sopo wonge seng ngedohi songko perkoro jumbuh (syubhat = tidak jelas), mongko dewek e wes nyelametake agomo lan kinormatane. Sopo wonge seng tumibo (terjerumus) ing dalem perkoro jumbuh (syubhat = tidak jelas), mongko dewek e biso tumibo (terjatuh) ing perkoro harom. Koyo dene bocah pangon (penggembala) seng angon (menggembalakan) rojo koyone (ternaknya) ing  sekitare sengkeran (cagar/tanah larangan) seng meh-meh bocah pangon kuwi angon ing dalem sengkeran (cagar/tanah larangan). Eling-eling, setuhune saben-saben rojo duweni sengkeran (cagar/tanah larangan), eling-eling lan setuhune sengkerane (cagar/tanah larangan) Gusti Alloh (ing bumi iki) iyo iku perkoro-perkoro seng diharomake dening Gusti Alloh ta'ala.

Eling-eling setuhune ing dalem jasad iku eneng daging sak kepel (mudhghoh). Nalikane daging sak kepel kuwi mau patut (apik), mongko sekabehane jasad melu patut (apik). Nanging nalikane daging sak kepel kuwi mau rusak (olo), mongko sekabehane jasad melu rusak (olo). Eling-eling daging sak kepel kuwi iyo iku ati (hati.)” (HR. Bukhari dan Muslim).

Panjelasan hadits: sumber saking: bersama dakwah net.

Eneng limo penjelasan hadits Arbain Nawawi nomer-6 iyo iku:

1.  Telu kahanan (status) perkoro

Perkoro-perkoro ing dunyo iki, rupo panganan utowo prakaryan, ora iso pisah songko telung kahanan (status): halal, harom, jumbuh (syubhat). Podo karo isine hadits nomer siji iyo iku:

إِنَّ الحَلاَلَ بَيِّنٌ وَإِنَّ الَحرَامَ بَيِّنٌ وَبَيْنَهُمَا أُمُوْرٌ مُشْتَبِهَاتٌ

Setuhune seng halal iku cetho, seng harom ugo cetho Lan antarane halal-harom eneng (terdapat) perkoro seng jumbuh (syubhat = tidak jelas).

Halal iyo iku sekabehane barang seng wes cetho oleh dilakoni. Contone: maem woh-wohan (jambu, gedhang), mlalku-mlaku, lan nikah. Harom iyo iku sekabehane barang seng wes cetho ora oleh dilakoni. Contone: madon, main judi, mabok, madat, lan maling/korupsi. Kosok baline jumbuh (syubhat) iyo iku barang seng ora cetho oleh dilakoni opo ora oleh dilakoni.

2.  Jumbuh (syubhat) kanggo wong akeh, cetho kanggone wong alim (ulama)

Isine hadits seng nomer loro dawuhe kanjeng Rosululloh shollallohu ‘alaihi wasallam:

وَبَيْنَهُمَا أُمُوْرٌ مُشْتَبِهَاتٌ لاَ يَعْلَمُهُنَّ كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ

Lan antarane halal-harom eneng (terdapat) perkoro seng jumbuh (syubhat = tidak jelas) lan akeh uwong seng ora ngerti perkoro jumbuh (syubhat = tidak jelas).

Akeh uwong ora ngerti perkoro jumbuh (syubhat). Ananging poro ulama ngerti lewat macem-macem dalil songko Al-Qur’an,  hadits, lan ijtihad.

Mulane kuwi, ulama mbagi jumbuh (syubhat) dadi telung macem. 

Nomer siji, harom campur halal. Contone, eneng wedus loro. Jagal muslim mbeleh siji jagal non muslim mbeleh siji. Dumadak an, daging wedus loro seng dibeleh kuwi mau campur dadi siji.

Nomer loro, halal nanging banjur timbul roso ragu-ragu. Contone, estri ragu wes dipegat oleh garwone opo durung. Conto liyane, uwong seng wes wudhu nanging ragu opo wes batal opo durung.

Nomer telu, Jumbuh (diragukan) halal harome. Contone, kanjeng Rosulullah nate nemu kurmo ing klosone piyambak. Piyambake boten perso kurmo sak meniko kurmo sedekah nopo kurmo hadiah.

Telung perkoro kuwi mau kalebet perkoro jumbuh (syubhat) kanggone wong akeh. Wong akeh kuwi mau ora perso koyok opo hukume. Nanging, kanggo poro wong alim biso mersani kajelasan hukume. Nomer siji, kito ora oleh mangan daging kuwi mau kerono wes campur daging seng halal karo seng harom.

Nomer loro, deweke ora perlu wudhu maneh amergo keraguan ora biso ngalahke keyakinan. Yakinne iyo iku wes wudhu. Banjur seng nomer telu, kanjeng Rosululloh ora nedho kurmo kuwi mau amergo khawatir kurmo kuwi mau iyo iku kurmo sedekah.

3.  Ngedohi barang seng jumbuh (syubhat = tidak jelas)

Koyok dawuhe kanjeng Rosululloh shollollahu ‘alaihi wasallam:

فَمَنِ اتَّقَى الشُّبُهَاتِ فَقَدِ اسْتَبْرَأَ لِدِيْنِهِ وَعِرْضِهِ

Sopo wonge seng ngedohke awake songko perkoro jumbuh (syubhat), mongko deweke wes nyelametake agomo lan kinormatane.

Ngedohke awake songko perkoro jumbuh (syubhat) iyo iku prakaryan nyelametke agomo lan kinormatan. Supoyo ora tumibo ing barang harom. Misale koyo kedadenan perkoro nomer siji kuwi mau, amergo daging seng halal campur karo daging seng harom, deweke ora maem daging kuwi amergo ora iso mestek ke endi daging seng halal lan endi daging seng harom.

4.  Sengkerane (Larangane) Gusti Alloh iyo iku perkoro seng di haromke dening Gusti Alloh

Panjelasan nomer papat songko hadits Arbain Nawawi 6 iki nerangake hima (tanah sengkeran) Gusti Alloh.

أَلاَّ وِإِنَّ لِكُلِّ مَلِكٍ حِمًى أَلاَ وَإِنَّ حِمَى اللهِ مَحَارِمُهُ

Eling-eling, saben-saben rojo duwe tanah sengkeran (larangan) lan sengkerane Gusti Alloh ing bumi iki iyo iku perkoro-perkoro seng Gusti Alloh haromke.

Jaman biyen, poro rojo duwe tanah sengkeran seng di pageri. Tanah sengkeran kuwi khusus kanggo jaran utowo rojo koyone rojo. Wong liyo ora oleh angon neng tanah sengkeran kuwi. Nek salah sijine dino kok eneng rojo koyo seng mlebu neng tanah sengkeran kuwi mau, pangone utowo tuane oleh ukuman songko rojo. Ora oleh wong liyo angon neng sengkerane rojo kuwi mau.

Koyok ngono kuwi paribasane "hima" = tanah sengkeran (tanah larangan) Gusti Alloh. Lan tanah larangane Gusti Alloh iyo iku opo di haromke dening Gusti Alloh. Mulane, perkoro jumbuh (syubhat) wae kudu kitho tinggalke, opo meneh perkoro seng wes ceto harome cek arupo panganan, omben-omben contone daging babi, khomer utowo prakaryan contone madon, madat, mabok, main judi, lan maling/korupsi.

5.  Ati sak meniko kunci

Hadits Arbain Nawawi 6 sak meniko nduduhake beleh becik lan olone uwong gumantung marang atine. Nanging, ora arupo ati coro fisik (liver utawi jantung).

أَلَا وَإِنَّ فِي الجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلُحَتْ صَلُحَ الجَسَدُ كُلُّهُ وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الجَسَدُ كُلُّهُ أَلَا وَهِيَ القَلْبُ

Eling-eling setuhune ing dalem jasad iku eneng daging sak kepel (mudhghoh). Nalikane daging sak kepel kuwi mau patut (apik), mongko sekabehane jasad melu patut (apik). Nanging nalikane daging sak kepel kuwi mau rusak (olo), mongko sekabehane jasad melu rusak (olo). Eling-eling daging sak kepel kuwi iyo iku ati (hati.)” (HR. Bukhari dan Muslim).

Hadits sak meniko memper kaleh hadits riwayat Imam Muslim:

إِنَّ اللَّهَ لاَ يَنْظُرُ إِلَى صُوَرِكُمْ وَأَمْوَالِكُمْ وَلَكِنْ يَنْظُرُ إِلَى قُلُوبِكُمْ وَأَعْمَالِكُمْ

Setuhune Gusti Alloh ora mersani ing rupo lan dunyo brono siro kabeh. Nanging, Gusti Alloh mung mersani ing ati lan prakaryan siro kabeh (HR. Muslim)

Mulo songko kuwi, kito kudu temen-temen ngresiki ati songko sekabehane penyakit seng biso ngregeti/ngrusohi. Imam Nawawi nyontohke, kito kudu ngresiki ati songko geting, dendam, sombong, riya’, hasad, lan penyakit-penyakit ati liyane.

Mugo-mugo hadits Arbain Nawawi 6 iki nggugah kito kanggo ngedohi sekabehane perkoro seng jumbuh (syubhat) lan harom. Ugo njogo resike ati kito sahinggo ngadep marang Gusti Alloh ing dalem angsal ridlo lan pangapurane Gusti Alloh. Aamiin. Wallahu ‘alam bish shawab.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Obituari Kanda Kaeladzi

الحاكم (الصادر الحكم بين أهل الرأي و أهل التقليدي

Menakar Kemuhammadiyahan Kader dalam Pusaran Mulyonoisme