SEKAR JAGAT

SEKAR JAGAT

Seratan   : Ustadz Ihsanuddin
(Alumni YTP Kertosono)


Sekar jagat
Kang isine alam qodrat
Qodrat lan iradat
Ing pangruwate kang akaryo jagat
Manungso sadermo  ngelampahi
Purbo Waseso alam iki
Olo becik pungkasane
Mung gumantung manungsane
Lelampahe manungso
Lamun biso anuladyo 
Ing guru nabine
Bakal tentrem panguripane


Duh Gusti......
Sejatosipun kawulo isin kalian badan kawulo piyambak
Badan kawulo Saras bregas.
Rinten dalu kawulo taksih saget kumpul-kumpul konco
Wonten peken
Wonten toko
Wonten warung kopi lan lintu-lintunipun.
Urusan ndonyo kados-kados taksih saget kawulo ayahi sedoyo
Ananging ebo kuciwanipun manah puniko
Naliko Panjenengan paring pacoban  engkang arupi Corona 
Sedoyo kahanan sami bibrah
Sedoyo kuwajiban kados mboten saget kalampahan kanti sampurno  amargi katah masjid lan musholla naliko shalat berjamaah Kedah njogo jarak
Imam Engkang tansah ngengetaken Lurus, rapat
Sakmangke sampun mboten wonten malih


Duh Gusti..
Lajeng nopo jawab kawulo mbenjang  naliko Panjenengan pitaken ;

فبايءالاءربكماتكذبان ؟؟؟

Duh Gusti..
Saestu kawulo sampun dholimi badan kawulo piyambak
Pramilo , bilih Panjenengan mboten welas lan paring pangapunten dumateng kawulo
Estu kawulo klebet tiyang enkang dhalim

Duh Gusti kang akaryo jagad
Ing Wulan Engkang kebak berkah puniko mugio Enggal panjenengan angkat memolo arupi Corona puniko

Aamiin yaa Robbal 'aalamiin....

Komentar

Postingan populer dari blog ini

TIGA SYARAT TERKABULNYA DOA

24 Siswa MA YTP Kertosono diterima Berbagai PTN lndonesia Jalur SNBT, dan Jalur lainnya

Rukhsah Teologis dan Rukhsah Fiqhi