SOPO KENAL AKU...?
SOPO KENAL AKU...?
By : Ustadz Ihsanuddin
Aku ora nang endi-endi
Neng aku ono eng endi-endi
Wujutanku biasa- biasa wae
Ukuraku Yo ora sepiro gede
Aku biso ngrubah tatanan ndonyo
Ugo biso ngrubah sifate manungso
Manungso biso bubrah kapribadene
Sarto brubah tindak lan tanduk e.
Mergo aku, manungso lali sedulure
Lan mergo aku, manungso lali bopo lan ibune.
Akeh manungso kang ngidolaake aku
Akeh manungso khianat yo mergo aku
Akeh manungso tego ngedol kehormatane Yo mung pengen nduweni aku
Malah ono kang tego kelangan agomo keyakinane yo mergo aku
Saktemene aku dudu Iblis utowo Setan
Malah ono sawenehing manungso kang mdadeake aku Tuhan
Senenge marang aku malah ngluwihi senenge marang Tuhan
Amongko miturut dawuh kang winasis ,Ojo banget-banget anggon siro seneng marang dunyo!
Lan aku klebu bagian soko dunyo
Kamongko aku diwenehake kebo sapi ora ono seng doyan
Ning menungso malah rakus ngluwihi kewan
Aku ora ngerti bedane menungso kang becik lan kang olo
Malah manungso mdadeake aku ukuran derajat kang mulyo
Sopo sejatine aku....?????
Wong sak ndonyo ngenal aku
Najan sebutane bedo
Neng pigunane Yo podo-podo
Duit aranku.
Ono ugo kang nyebut Rupiah
Wong meduro nyebut aku pesse
Wong Bali nyebut aku pipis
Wong Sundo nyebut aku artos
Wong jowo nyebut Duit utowo arto
Wes pokok e wong sak ndonyo nyebut aku macem-macem
Lha bahasa kerenku money
Najan opo bae sebutanku iku gumantung marang sopo kang nyekel aku
Aku pancen biso gawe mulyo
Mulo Yo ora aneh lumantar aku uripe biso bungah
Mergo aku ugo dadi saranane ibadah
Kanggo infaq lan sedekah
Ora setitik wong kang nduweni aku biso haji ono eng Makkah lan Madinah
Aku ora tau rumongso dadi korban
Nangeng malah akeh manungso kang lilo ngorbano awak e mbelani aku
Ekeh wong wani mati perkoro aku
Kuwajibanku kang Sayekti nyukupi kebutuhane manungso
Berobat, nebus obat mbutuhake aku
Mulo ngertenono sopo sejatine aku
Aku ora biso ndawakno umure manungso
Aku ugo ora ono nang suwargo
Sebab manungso mati aku ora digowo
Anaku mung ono ndonyo
Kanggo kebutuhane manungso
Mulo pesenku kang ati-ati
Manowo Siro seneng aku
Mergo aku ora kok gowo mati
Temen-temen ojo sembrono
Ben ora rekoso mengko uripmu
***************
Komentar
Posting Komentar