Hadits Arbain Nawawi 7: Agama adalah Nasihat terjemah Bahasa Jawa

 

Hadits Arbain Nawawi 7: Agama adalah Nasihat terjemah Bahasa Jawa

عَنْ أَبِي رُقَيَّةَ تَمِيْمِ بْنِ أَوْسٍ الدَّارِي رَضِيَ اللهُ عَنْهُ أَنَّ النَّبِيَّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ الدِّيْنُ النَّصِيْحَةُ . قُلْنَا : لِمَنْ ؟ قَالَ للهِ وَلِكِتَابِهِ وَلِرَسُوْلِهِ وَلِأَئِمَّةِ المُسْلِمِيْنَ وَعَامَّتِهِمْ . رواه مسلم

Kuniyahe Abu Ruqoyyah (pareng asmo) Tamim bin Aus Ad-Dary rodhiyallohu ‘anhu, setuhune Kanjeng Nabi shollallohu ‘alaihi wa sallam dawuh, “Agomo iyo iku gawe becik (nasihat).” Kito matur, “Kangge sinten?” Kanjeng Nabi dawuh, “Kangge Gusti Alloh, Kitabe Gusti Alloh, Utusane Gusti Alloh, Pemimpin-pemimpin Islam, lan umume wong-wong Islam.” (HR. Muslim)

Panjelasan:
1.  Keistimewaane Kanjeng Rosul SAW iyo iku jawamiul kalim, piyambake nek ngendikan cekak nanging aos, maksude kalimate cekak nanging maknane jembar, contone: الدِّيْنُ النَّصِيْحَةُ Agomo iku gawe becik (nasihah), maksude Agomo sak meniko ngaturake kito nindaake kabecikan.

2.  Agomo gawe becik (الدِّيْنُ النَّصِيْحَةُ) sak meniko kangge sinten?

a. Kangge Gusti Alloh

Maksude, sekabehane parentahe Gusti Alloh di tindaake lan sekabehane larangane Gusti Alloh ditinggalke.

b. Kangge Kitabe Gusti Alloh

Maksude, Kitab Al-quran ojok nggur di gawe pajangan tapi di woco seng ajeg. Dingerteni artine dipahami maknane lan diamalke isine. Carane piye? Carane iyo iku ajeg moco Alquran,  tarjamahane, tafsirane utowo ajeg ngrungokke pengajian-pengajian seng bahas Kitabe Gusti Alloh lan hadits-haditse Kanjeng Nabi SAW.

c. Kangge Utusane Gusti Alloh

Maksude, nyontoh sekabehani tindak tanduke Kanjeng Nabi SAW sak kuate, akeh conto-contone Kanjeng Nabi SAW seng becik misale, kito dadi pedagang biso niru kejujurane, supoyo dagangane laris lan barokah, yen dadi pemimpin seng amanah iso ngayomi seng dipimpin koyok Kanjeng Nabi SAW, yen duwe umat duweni roso welas asih marang umate, gelem korban kanggo umate, korban wektu, korban tenogo lan liyane, nek ora iso yo nindaake sholat-sholat sunnah niru Kanjeng Nabi SAW. Iki jenenge nasihah marang kanjeng Nabi SAW.

d. Kangge Pemimpin-pemimpin Islam

Maksude, kito nasehah dumateng pemimpin iyo iku kito mesti taat marang parintahe pemimpin sak tenané parentahe ora nentang karo parintahe Gusti Alloh, tapi nek nentang karo parentahe Gusti Alloh kito mesti ngelingke. Contone imam sholat  iku posisine neng ngarepe makmum lamun imame keliru makmum priyo ngelingke karo ucap subhanalloh. Coro ngelingke imam utowo pemimpin eneng aturan-aturane, koyo contone ngelingke imam kuwi mau.

e. Kangge umume wong-wong islam

Maksude, wong islam neng masyarakat kabeh duweni hak, lamun deweke keliru yo kito benerke, nek kapan deweke njaluk ngapuro yo kito ngapuro semono ugo kosok baline. Marang wong-wong seng duweni ilmu pengetahuan neng ngisore kito, kito kudu bijak olehe mangsuli, luwih sabar, luwih ngalah. Kanjeng Nabi SAW wiwitane dadi pemimpin diwenehi rohmat dening Gusti Alloh ati seng welas asih  dadi alus budiné. Gusti Alloh dawuh wonten QS: Ali Imron ayat: 159

فَبِمَا رَحْمَةٍ مِّنَ ٱللَّهِ لِنتَ لَهُمْ ۖ وَلَوْ كُنتَ فَظًّا غَلِيظَ ٱلْقَلْبِ لَٱنفَضُّوا۟ مِنْ حَوْلِكَ ۖ فَٱعْفُ عَنْهُمْ وَٱسْتَغْفِرْ لَهُمْ وَشَاوِرْهُمْ فِى ٱلْأَمْرِ ۖ فَإِذَا عَزَمْتَ فَتَوَكَّلْ عَلَى ٱللَّهِ ۚ إِنَّ ٱللَّهَ يُحِبُّ ٱلْمُتَوَكِّلِينَ 

Terjemahan Bahasa Jawa:
"Mulané, awit sih rohmaté Alloh, kowé dadi alus budiné marang wong-wong mau. Menowo kowé kasar budiné lan ati kang atos, mesthi wong-wong mau podho nyingkir soko ing sacedhakmu. Mulane, ayo podho diapuri dosané, podho jaluko ngapuro marang Alloh, lan rembugen bab perkoro iku karo wong-wong mau. Menowo wis mantep atimu, pasrahno marang Alloh. Satemene Alloh iku tresno marang wong kang pasrah."

Wallohu 'a'lam bis showab.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Obituari Kanda Kaeladzi

الحاكم (الصادر الحكم بين أهل الرأي و أهل التقليدي

K.H. Ja'far Yasa': Kyai yang Bersahaja