LANANG RABBI, WADON LAQI: FILOSOFI RUMAH TANGGA JAWA
LANANG RABBI, WADON LAQI: FILOSOFI RUMAH TANGGA JAWA
Murtadlo HS
Pegiat Sastra, tinggal di Pulau Celebes
Wong Jowo nek ngomong kuwi ora tau sak penake dewe. Kabeh ono maknane.
Contone pas ono wong lanang wes duwe bojo, karo wong wadon wes duwe bojo. Istilahe bedo. Lan ono alasane.
1. LANANG SING WES DUWE BOJO = WES "RABBI"
Rabbi رَبَّ = Mendidik, merawat, membina.
Dadi nek wong lanang wes rabi, artine tugas e wes ganti.
Sak durunge bujangan: tugas e mung ngopeni awak dewe. Turu telat, mangan sak penak e, duit entek gawe kopi.
Nek wes "rabbi" alias duwe bojo:
Tugas e ngopeni.
Ngopeni pikir e bojo ben ora mumet.
Ngopeni ati e bojo ben ayem.
Ngopeni lathi e dewe ben ojo nyakiti.
Ngopeni omah, anak, lan masa depan.
Lanang kuwi ibarat "Rabb" cilik neng omah. Dudu sing diopeni, tapi sing ngopeni.
Koyok bapak ngopeni anak. Sabar, ngemong, ngarahke.
Mulane bapak-bapak nek wes omah-omah praenane kethok tambah tuwo, mergo mikir 😆
Intine: "Lanang rabbi = sing tanggung jawab ngurip-nguripi"
. WADON SING WES DUWE BOJO = WES "LAQI"
Laqi لَقِيَ = Bertemu, mendapati, yang ditunggu-tunggu akhirnya ketemu.
Wong wadon ndek jaman mbiyen nek ditakoni "wes rabi urung?" jawabe: "wes laqi".
Artine: "Wes ketemu jodoh ku. Wes ketemu wong sing tak tunggu-tunggu. Wes ketemu imam ku."
"Laqi" kuwi maknane legowo lan pasrah.
Wes ketemu pelabuhan. Wes ketemu omah. Wes ketemu wong sing bakal sak bahu-bahu ngadepi urip.
Tugas e wong wadon sing "laqi" yo ngopeni.
Ngopeni ati e lanang ben ora neko-neko.
Ngopeni omah ben adem.
Ngopeni anak ben dadi anak sholeh/sholehah.
Dadi "laqi" kuwi ora mung nikah. Tapi "nemu panggon bali sing paling aman".
3. KESIMPULANE: TIMBAL BALIK
Nah, jero ne neng kene.
Lanang = Rabbi → Kewajibane "ngopeni"
Wadon = Laqi → Kewajibane "dadi panggon sing diopeni lan ngopeni bali"
Dadi ra ono ceritane lanang mung nyuruh, wadon mung nuntut.
Lanang ngurumat, wadon ngemong.
Lanang dadi guru, wadon dadi madrasah pertama.
Lanang nyambut gawe golek sandang, wadon nyambut gawe gawe suasana.
RABI kuwi artine podo-podo "ngopeni".
Lanang ngopeni keluarga. Wadon ngopeni lanang lan keluargane.
Mulane wong tuwo biyen nek anak e rabi, dungane:
"Mugo-mugo dadi keluarga *sakinah, mawaddah, warrahmah*. Lanang biso yarbbu, wadon biso dadi laqo sing barokah"
Penutup:
Dadi nek enek lanang ra glm ngopeni, berarti durung "rabbi" tenan.
Nek enek wadon ra glm dadi omah, berarti durung "laqi" tenan.
Omah-omah kuwi sekolah. Judul e: "Sinau Dadi Rabbi lan Laqi"
Ujian e saben dino. Lulus e neng akhirat.
Komentar
Posting Komentar